Ambal Warsa SMK Negeri 1 Wonosegoro Kaping 15 Taun
Para Miyarsa, wonten ing giyaran punika kula badhe ngaturaken rembag bab Ambal Warsa SMK Negeri 1 Wonosegoro kaping 15 taun. SMK Negeri 1 Wonosegoro mapan ana ing paling kulon Kutha Boyolali.
Dinten Rabu tanggal 31 Agustus 2022, SMK Negeri 1 Wonosegoro nindhakekan acara Ambal Warsa.
Dinten menika para siswa di utus dening Bapak Ibu Guru damel Tumpeng kanthi Tema Hut SMK Negeri 1 Wonosegoro.
Acara menika diwiwiti saking sambutan Bapak Kelapa Sekolah Yaiku Bapak Eko Prasetyo, S.Pd., M.Pd.
Dilajengaken Doa sesarengan di pimpin dening Bapak Yasin S.Ag. Pangarep-arep acara SMK Negeri 1 Wonosegoro supados SMK menika langkung maju saking punapa kemawon, salah satunggaling yaiku Infrastruktur ingkang ageng , wiyar lan misuwur.
Ingkang kaping kalih dadosaken para Dwija lan para Karyawan ingkang mumpuni. Kaping tiga para piswa gadhahi karakter sae lan daya saing ingkang inggil.
Acara salajenge inggih menika wonten Lomba Tumpengan saben kelas. Tumpeng inkang sae lan sekeca menika ingkang angsal biji inggil.
Sasampunipun wonten acara Hadroh saking SMK piyambak ingkang dipimpin dening Bapak Fatih Khoirul Najich, S.Pd ingkang mbiyantu paring hiburan.
Ingkang pungkasan menika wonten acara bagekake hadiah kanggo para siswa ingkang angsal biji inggil lan wonten dhahar sesarengan antawisipun dwija lan siswa supados ndadoseken reraketaning kaluwarga SMK Negeri 1 Wonosegoro. Acara menika di pungkasi tabuh 12.00 wib.